Tuesday, May 02, 2006

"TRESNO RUJAK CINGUR" (CUPLIKAN)

PUPUH
ENEM.

Truk "La Madame" sing disopiri Pak Suparman, ngalami tabrakan. Deweke tatu lumayan. Telun dino dirawat ndik rumahsakit. Gak iso ditulungi maneh terus sakwise iku mandeg ambegane. Bojo karo anak-anake sing isuk sore awan bengi nunggoni podo nangis kabeh sesenggukan. Sopo saktemene sopir trukgandeng sing ngalami nasib sengsoro iku? Gak liyo yo bapake Suhud, koncoku dino-dino dulinan bal-balan, sepaktekong, nguber layangan pedot, adus ndik kali Brantas, gak lali yo dulinan kenekeran. Wiwit biyen Suhud iku apik nang aku. Tau ngajak aku ngancani melok bapake. Nang ndi waktu iku? Yo mbonceng. Gak takkiro babar pisan. Aku girang temen. Sing takringu ndik kupingku mek gerenge mesin truk sing greng-greng-greng mbudegno. Trukgandenge ndik dalan gede papasan ambek truk-truk liyone tekok ngarepan. Yo sering bolakpbalik disalip ambek truk liyone. Gak arang Pak Suparman gantian nyalip pisan sampek papat limo enem diliwati kabeh. Dadine trukgandeng sing paling ngarep.
Aku lungo adoh wiwitane ambek Suhud iku. Sing pinter nggowo awak, pesene ibu. Ojok sembarangan nang wong sing tuwo. Mari iku aku diizino ibu brangkat. Pak Suparman sing wis pengalaman iku seneng-seneng terus, ngguyu-ngguyu ngakak ndik ngarepe setir. Lelucone akeh. Aku dianggep koyok anake dewe. Sakdurunge budal aku ambek Suhud dijak mangan ndik warung nganti wareg. Cekne sehat ndik dalan, gak masuk angin. Waktu trugandeng mlayu, angin ngembus kenceng temen sokok sebelahku. Suhud ndik tengah. Aku kiwone. Sopir utowo bapake, ndik paling tengene Suhud. Deweke iki wis gak aneh sering melok lungo. Dadi wis bioso ndelok bapake nyopiri truk gede digandengi bak isi barang-barang kiriman ndik mburine. Deweke iku pengalaman temenan ndik dalan-dalan ombo sing rame. Anggepane Pak Suparman truke nggak bedo koyok menungso. Masiyo mek wujud wesi, ambek kayu, sekrup, mur, aki, klakson, rem, lampu, bensin plus oli tapi yo duwe jiwo utowo roh.
Dadi si kernet alias asistene sopir yo kudu ngupokoro truke. Kudu sing apik, gak iso males. Deweke wis diajari Pak Parman ngrawat sakrajin-rajine. Molai durung ngerti opo-opo ngantek mahir malah iso nglakono sitik-sitik waktu pemanasan. Deweke rutin ngecek rante gandengane bak mburi. Podo pisan bensin ambek oline wis perlu ditambah opo gak. Banyu radiator ambek karburatore pisan sing tugase koyok jantung. Gak lali ban, cukup gak atose opo kempes sing kudu ditambah angin. Opomaneh rem, ojok sampek blong. NDrawasi temen. Kudu diprikso sakdurunge cekne slamet ndik dalan rame. Ngono kandane Pak Parman gak entek-entek nang kernete.
Sing dipeseni, pakeyane terusan gupak bekase oli campur bledug, terus tandanggawe serius. Dadi resik. Pak Parman nglakokno truke. Ninggalno kuto.
Waktu aku dijak melok iku truke ngemot gulo atusan karung langsung dijupuk sokok pabrik Kebon Agung. Kernet nutupi tumpukan karung maeng ambek terpal plastik sing ombo temen. Terus diiket kuwat gak iso ucul. Dadi gak bakalan kesiram udan. Aku gak iso lali waktu ambek Rahim, Hasan, Padelan, Mis plus Suhud ndik kebon tebu. Yo lucu lek eling diuber-uber waker sing ngacung-
acungno pecut. Aku nggak nyritakno pengalaman ndik kebon tebu koyok ngono ndik ngarepe Pak Parman.
Trukgandeng nggereng-nggereng playune. Banter.
"Yo iki Wonokromo, bagian kidule Suroboyo," kandane Pak Parman nang aku. man. NDik kuto sakmarine iku deweke ngenalno maneh.
"Iki Tuban."
"Iki Semarang."
Pak Suparman tetep sregep nyritakno kuto-kuto liyone maneh nang aku ambek Suhud sing diliwati trukgandeng. Pemandangan pesisir sing ketok cembung pancen temenan nyenengno ati. Prahu-prahu sing podo ngambang. Mestine wiwitane tengah wengi wis njegur nang segoro. Babar pisan gak kuwatir gulungan ombak sing nerjang prahu-prahu ringkih koyok ngono.

Panguripane wong-wong sing njaring iwak yo mengkono nasibe, koyok-koyoke nggak iso diowah-owahi maneh. Saben dinone wong-wong sing njaring iwak ngrungokno jeritane ombak laut. Manuk-manuk camar ambek sriti yo melok-melok njerit.
Aku nedotrimo temen nang Pak Parman sopir trukgandeng sing duwe pawakan gede duwur jenggote kandel nuduhno gagahe. Mbesuk-mbesuk aku nek gede diwoso iso dadi opo, gelem nggak yo dadi sopir trukgandeng koyok bapake Suhud? Utowo mabur duwur banget dadi pilot pesawat jet pemburu sing sworone koyok mbedol langit biru? Embuhlah, bayangane ae isik durung onok ndik sirahku. Lulus SD ae durung. Pokoke sakploke diajak numpak trukgandeng pandanganku gak ciut maneh, gak mek onok ndik kampung Kauman tok. Aku dadine ngerti panguripane sopir trukgandeng ambek kernete.
Pak Parman sing koyok dicritakno Suhud nang aku pancen sopir sing hebat. Awan bengi kuwat temenan ndik ngarepe setir. Nggak kesel nggak ngantuk. Lampu truk nyorot adoh nang ngarep. Yo koyok ngono iku panguripan wayah bengi. Wit-witan melok mlayu kenceng tapi sakteruse ndik mburi ketinggalan, gak nang ngarep koyok adate. Wot-wot yo podo mlayu nang mburi. Omah-omah pinggirane dalan mek diterangi lampu cilik kelap kelip. Podo ireng sing sepi nyenyet.
Babar pisan aku gak iso turu. Tetep gak iso ngantuk, gak angop. Aku tetep gak njenjem. Kuwatir. Sebab terus dibayangi beboyo ndik ngarepe koco, sopo ngerti? Sakwise srengenge mencolot tekok delikane dalanan dadi terang. Kabeh sing obah-obah koyok montor, truk, dokar ambek liyo-liyone ndik nduwure aspal dalanan miwiti rame. Tapi sing jenenge sapi enak- enak ae koyok baris digiring sing angon nang sawah masiyo gak pati direwes. Lampu sing sakdurunge iku tugase dadi mripate panguripan yo terus dipateni. Playune trukgandeng isik ae ngliwati pinggirane segoro, sing dituju gak onok liyone kecobo arah Jakarta. Waktu balike liwat pesisir kidul, gak ngulon maneh, kosok baline ngetan.
Rute alternatip iki koyok wis bioso gae sopir-sopir ambek kernet-kernete. Gae aku perkoro anyar masiyo gak sepiro ramene koyok ndik pesisir lor. Toh Pak Parman ngerti temenndik endi golek oleh-oleh. Aku yo oleh bagian. Maturnuwun saet, Pak, jareku nang deweke.
Gae Suhud sing waktu bapake isik "jaya" gak kekurangan opo-opo. nDik sekolahan waktu ngaso, seban sangu akeh ndik sak, nraktir aku njajan tempe bacem, tahu petis, kacang ijo, es gandul, kucur ambek "rondo royal" utowo tape goreng. Aku isin bolak-balik ditraktir. Eruh-eruh krungu kabar Pak Parman ngalami musibah. Gak iso dialangi lek trukgandenge tabrakan ndik pesisir lor. Nyalip-nyalipe temen kendele, sayange kurang perhitungan. Kernete slamet sebab duwe waktu mencolot. Pak Parman kegencet stir. Aku dadine eling roso kuwatirku waktu melok biyen iko. Pancen resiko truk banter ambek sering ngadepi truk-truk gede ndik enggokan. Sakhebat-hebate sopir iso ae salah. Eruh-eruh dadakan ae ndik ngarepan truk liyo mak byur muncul. Sedeng apes-apese, gak iso diles. Mungkin yo takdire Pak Suparman.
Mis, Hasan, Rahim, Padelan ambek aku kebatan bareng-bareng nang omahe Suhud nglayat. Awake dewe nemen-nemen sedihe. Suhud nangis. Emake, mbakyu-mbakyune ambek kakange, kabeh wong limo, yo podo sesenggukan. Konco-konco sopir yo podo teko belo sungkowo. Juragan perusahaan angkutan yo gak absen hadir. Sakilyone melok sungkowo yo onok kating-katinge wujud santunan sembako ambek duwit pisan simbol simpati. Sakmarine acara medot, awake dewe nggabung wong-wong nglayat liyone nang makam. Bar iku, sakliyone gak onok maneh oleh-oleh tekok kuto-kuto adoh sing dijujuki trukgandenge Pak Suparman, yo gak onok pisan sangune Suhud. Deweke kaget kok koyok ngono drastise gak jajan-jajan maneh ndik warung. Dadi nasibe podo karo aku. Nahan idu ae ndelok konco-konco sekolah mangan ngombe waktu ngaso. Leke jam olahraga sing mbutuhno energi tambahan, nelongso. Sebab akeh mlayu-mlayu ndik pekarangan mburi sekolah sing ombo, weteng luwe gak ketulungan.
Tenggorokan garing. Ngelakku luar biasa. Ganjelane mek ngombe banyu putih tekok panci gede sing saben didone disediyakno pihak sekolah. Aku mangan sego bareng wis ndik omah. Suhud yo podo ae koyok aku, gak seje.
(Cuplikan crito iki bagiane novel "TRESNO RUJAK CINGUR" kanggo nyambut Kongres Boso Jowo ndik Semarang kang rencanane arep dianakno wulan Juli 2006. Versi bahasa Indonesia-ne yo meh podo judule" "CINTA RUJAK CINGUR, tak garap wiwit tahun 2005 nganti awal 2006 iki. Rahmat Ali, Jakarta 2 Mei 2006).
·
·
·
·
·

0 Comments:

Post a Comment

<< Home